
Ngilonake layar piranti kanthi nirkabel ing TV
Sampeyan bisa nggunakake fitur Pangilonan layar kanggo nuduhake layar piranti ing TV
utawa layar sing amba tanpa nganggo sambungan kabel. Teknologi Wi-Fi Direct™
nggawe sambungan nirkabel antarane rong piranti supaya sampeyan bisa nglaras
nyengsemi foto-foto kasenengan sampeyan sinambi teturon kepenak. Sampeyan uga
bisa nggunakake fitur iki kanggo ngrungokake lagu saka piranti liwat spiker TV.
Nalika nggunakake Pangilonan layar, kwalitas gambar kala-kala bisa kena pengaruh negatif
yen ana gangguan saka jaringan Wi-Fi liyane.
118
Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

Ngilonake layar piranti menyang layar TV
1
TV: Tututi patunjuk ing Pandhuan pangguna TV kanggo nguripake fungsi
Pangilonan layar.
2
Piranti sampeyan: Saka Layar Ngarep, tutul .
3
Golek banjur tutul
Setelan > Sambungan piranti > Pangilonan layar.
4
Tutul
Wiwiti.
5
Tutul
OK banjur pilih salah siji piranti.
TV kudu ndhukung Pangilonan layar adedhasar Wi-Fi CERTIFIED Miracast
™
supaya fungsi
bisa mlaku. Yen TV ora ndhukung Pangilonan layar, sampeyan prelu tuku adaptor layar
nirkabel dhewe. Saliyane kuwi, nalika nganggo Pangilonan layar, aja nutupi area antena Wi-Fi
ing piranti.
Ngendheg pangilonan layar antarane piranti
1
Saka Layar Ngarep, tutul .
2
Golek banjur tutul
Setelan > Sambungan piranti > Pangilonan layar.
3
Tutul
Pedhot, banjur tutul OK.