Sony Xperia Z3 Compact - Ngedit video nganggo aplikasi Video editor

background image

Ngedit video nganggo aplikasi Video editor

Sampeyan bisa ngowahi video sing sampeyan jupuk nganggo kamera. Contone,

sampeyan bisa ngethok video kanti dawa sing dipengini utawa nyetel kecepatan video.

Sawise nyimpen video sing wis diowahi, versi video asli sing ora diowahi bakal kesimpen

ing piranti.

111

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Ngethok video

1

Ing Album, golek banjur tutul video sing arep diowahi.

2

Tutul layar kanggo nampilake toolbar, banjur tutul >

Kethok.

3

Kanggo mindhahake bingkai sing dikethok menyang bagean liya ing garis wektu,

tutul terus pinggire bingkai sing dipotong menyang posisi sing dipengini, banjur

tutul

Trapake.

4

Kanggo nyimpen salinan video sing wis dikethok, tutul

Simpen.

Ngatur kacepetan video

1

Ing Album, golek banjur tutul video sing arep diputer.

2

Tutul layar kanggo nampilake toolbar, banjur tutul >

Cepet.

3

Pilih opsi, banjur tutul terus pinggir garis wektu lan seret menyang posisi sing

dipengini, banjur tutul

Trapake.

4

Kanggo nyimpen salinan video sing wis diowahi, tutul

Simpen.

Njepret foto saka video

1

Ing Album, golek banjur tutul video sing arep diputer.

2

Tutul layar kanggo nampilake toolbar, banjur tutul >

Bidhikan Foto.

3

Kanggo mindhahake panandha posisi menyang bageyan liya ing garis wektu,

seret panandha garis proses menyang posisi sing dipengini, banjur tutul

Simpen.