Sony Xperia Z3 Compact - Ngontrol aksesori lan setelan nganggo Smart Connect™‎

background image

Ngontrol aksesori lan setelan nganggo Smart Connect™

Gunakake aplikasi Smart Connect™ kanggo nyetel apa sing kedadeyan ing piranti nalika

sampeyan nyambung utawa medhot aksesori. Contone, sampeyan bisa nemtokake

supaya aplikasi radio FM tansah wiwit yen headset disambungake.
Sampeyan uga bisa nyetel Smart Connect™ kanggo maca pesen teks sing mlebu.

Utawa sampeya bisa nggunakake aplikasi kanggo nemtokake mlakune tumindak utawa

gugus tumindak kusus ing piranti ing wektu-wektu tartamtu sedina. Contone, nalika

sampeyan nyambung headset antarane jam 7 esuk nganti 9 esuk, sampeyan bisa

nemtokake yen:

Aplikasi radio FM diwiwiti.

Aplikasi jejaring sosial kabukak, contone, Facebook.

Volume bel disetel kedher.
Migunakake Smart Connect™, sampeyan uga bisa ngelola aplikasi kayata Xperia™

SmartTags utawa jam saka seri SmartWatch Sony. Deleng Tuntunan pangguna aksesori

tartamtu kanggo katrangan luwih lengkap.

Yen nggunakake piranti mawa pangguna akeh, sampeyan kudu mlebu minangka pamilik, yaiku

pangguna utama, kanggo nggunakake aplikasi Smart Connect™.

1

Tutul kanggo nuduhake aksesori sing kasehdiya

2

Nambah aksesori utawa acara

3

Ndeleng opsi menu

4

Tutul kanggo nuduhake kabeh acara

5

Tutul kanggo ngaktifake acara

6

Tutul kanggo ndeleng acara

127

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Nggawe prastawa Smart Connect™

1

Saka Layar Ngarep, tutul , banjur temokake lan tutul .

2

Yen sampeyan lagi sepisan mbukak Smart Connect™, tutul

OK kanggo nutup

layar pambuka.

3

Ing tab

Acara, tutul .

4

Yen sampeyan lagi sepisan gawe prastawa, tutul

OK maneh kanggo nutup layar

pambuka.

5

Tambahake kahanan sing sampeyan karepake dadi sebab kedadeyane prastawa.

Kahanan kasebut bisa arupa sesambungan karo aksesori, utawa let wektu kusus,

utawa kalorone.

6

Tutul yen arep terus.

7

Tambahake apa sing sampeyan karepake kedadeyan nalika nyambung aksesori,

banjur gawe setelan liya kaya sing dikarepake.

8

Tutul yen arep terus.

9

Temtokake jeneng prastawa, banjur tutul

Rmpng.

Kanggo nambah aksesori Bluetooth®, pisanane sampeyan kudu nggathukake karo piranti

sampeyan.

Ngowahi prastawa Smart Connect™

1

Miwiti aplikasi Smart Connect™.

2

Ing tab

Acara, tutul salah siji prastawa.

3

Yen prastawa dipateni, seret silder menyang tengen kanggo nguripake.

4

Tutul

Owahi acara, banjur pasake setelan kaya sing dikarepake.

Mbusak prastawa

1

Miwiti aplikasi Smart Connect™.

2

Ing tab

Acara demek terus prastawa sing arep dibusak, banjur tutul Busak acara.

3

Tutul

Busak kanggo ngonfirmasi.

Sampeyan uga bisa mbukak prastawa sing arep dibusak, banjur tutul >

Busak acara >

Busak.

Nyetel Smart Connect™ kanggo macana pesen teks sing mlebu

1

Miwiti aplikasi Smart Connect™.

2

Tutul , banjur tutul

Setelan.

3

Centhang kothak ing jejere

Teks kanggo wicara, banjur konfirmasi aktivasi, yen

perlu.

Yen fitur iki diaktifake, kabeh pesen sing mlebu bakal diwacakake. Kanggo ngelindhungi

privasi, sampeyan perlu mateni fitur iki yen sampeyan nggunakake piranti, saumpamane ing

panggonan umum utawa penggawean.

Ngatur aksesori

Gunakake aplikasi Smart Connect™ kanggo ngatur akeh aksesori cerdas sing bisa

disambungake menyang piranti, kalebu Xperia™ SmartTags, jam seri SmartWatch utawa

piranti kuping nirkabel saka Sony. Smart Connect™ ngundhuh kabeh aplikasi sing

dibutuhake lan uga nemokake aplikasi pihak katelu, yen kasedhiya. Aksesori sing

nyambung sadurunge dituduhake ing dhaptar supaya sampeyan bisa entuk informasi

luwih lengkap babagan fitur saben aksesori.

Masangake lan nyambungake aksesoris

1

Miwiti aplikasi Smart Connect™. Yen sampeyan lagi sepisan mbukak Smart

Connect™, tutul

OK kanggo nutup layar pambuka.

2

Tutul

Aksesori, banjur tutul .

3

Uripake fungsi Bluetooth® yen durung diuripake, banjur tutul jeneng aksesoris

sing arep dipasangake lan disambungake.

4

Yen perlu, ketik sandhi, utawa konfirmasi sandhi sing padha ing piranti lan aksesori

kasebut.

128

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Ngatur setelan kanggo aksesoris sing nyambung

1

Pasangake lan smabungake aksesoris karo piranti.

2

Miwiti aplikasi Smart Connect™.

3

Tutul

Aksesori, banjur tutul jeneng aksesoris sing nyambung.

4

Atur setelan sing dipengini.